#anekdot tegalan: DULKAMID SHOW 8
oleh Ahmad Sobany pada 4 September 2010 pukul 12:12 ·
Yang lebih edan mintanya sama gadis dua puluh tahun. Tapi dasar memang wong sugih, walaupun batrene wis kiyep-kiyep ana bae bocah wadon nom ayu sing gelem. Padahal tah ndean bekakase wis karatan. Ya wis 50 tahun ora dienggo? Angger bekakas niyeng loken esih bisa dienggo wa?
Yang jadi pasal bukan perkara biaya atawa mempelai wanitanya. Semua sudah fix. Tapi justru masalah tatacara ijab kabulnya. Sampeyan kan wis ngarti, Dulkamid kiye ora tahu mambu padung. sama sekali ora ngarti angka apa maning huruf. Angger duit tah apal nemen. Oleh pirang dina nyong kesel nemen ngajari cara-cara ijab qobul. wis kaya kuwe jare pengulu neng kene suka reka-reka. sak durunge ijab qobul calon lanange di takoni pirang. terutama rukun iman dan rukun islam.
Saben mbengi tak ringokna deweke ngapalna nang kamar. sampe hari H-ne Dulkamid esih mang-mang bae. gawene komat-kamit ngapalna rukun islam karo rukun iman bae. Kaki Dulkamid njagong neng ngarepe pengulu. nganggo jas karo sarung samarenda.
"Ingkang badhe nikah pundi, Mbah?" tanya pengulune.
Kaki Dulkamid mesem-mesem karo kukur-kukur pilingan. Pak Lebe langsung membisikan sesuatu ke telinga bapak pengulu yang membuatnya terkesima dan terlongo-longo. "Oh, nggih mpun. Acara ijab qobule badhe kulo mulai," kata pengulu.
"Paring asma sinten panjenengan?"
"Dulkamid bin Darip,"
"Panjenengan Islam nggih?"
"Nggih Islam."
"Yuswone panjenengan pinten?"
"Kira-kira wolung dasa wolunan. Wong nyeprote kula niku pas jembatan bonggang niku ambrol. Kan ndalu-ndalu jawoh ageng, angine mobat-mabit, la niku sikile jembatan keli kebekta toya. Terus wekdal niku toyane lepen gung niku minggah ngantos latare griyane tiyang sepuh kula. wekdal niku...."
"Sampun, sampun. Critane dilanjut mangke malih ggih?"
Pak pengulu jukut ambekan dawa nemen. "Panjenengan lare nomer pinten?"
"Kula lare nomer gangsal."
"Rukun Islam niku wonten pinten?"
"Kali welas!"
"Daning katah sanget nggih? Sih nopo mawon?"
"Enggih, sangkinge keluarga besar. Nomer setunggal wastiah, khojanah, daklan, karimah lajeng.....'
Kaki Dul;kamid kebingungan karena orang-orang disekitarnya tertawa terbahak-bahak.

0 Responses to "anekdot tegalan : Dulkamid Show 6"
Posting Komentar